THOUSANDS OF FREE BLOGGER TEMPLATES

Rabu, 13 Oktober 2010

ANALISIS CERITA PROSA RAKYAT JAWA TENGAH

A. ANALISIS CERITA RAKYAT

Dongeng Wedhus Alas
Ing sawijining dina, ana wedhus alasn kang mlakuu ijen ing dalan pegunungan. Lakune alon lan lenthak-lenthik amarga lagi sedih atine , jalaran wedhus alas an sing wadon mati keglundhung jurang. 1) Situasi awal.
Saurute dalan kang diliwati, sanajan thukul suket-suket kang ijo tur lemu, nanging wedhus alasan mau tetep bae ora karep mangan suket. Amarga atine isih susah lan sedhih banget. 2) Penjelasan situasi awal.
Sakwetara wektu, lakune tekan dalan kang ciyut. Sak kiwane dalan jurang kang jero lan sak tengene dalan mung katon gumuk watu. Dalan kang cilik mau uga ora bias kanggo liwat simpangan. Dhumadakan ana wwdhus alas an kang liya , mlaku rikat tumuju wedhus alasan sing mau. 3) Pengembangan situasi awal ke masalah.
Bareng uis adhep-adhepan, wedhus alas an kang kapisan ngambruk karo celathu, “Sanak, aku ora nedya arep padudon apa maneh cecongkarahan karo kowe. Yen kowe arep mlaku mrana, liwata! Idaken awakku iki, aku ya ora apa-apa.” 4) Tokoh pertama mengalah.
Wedhus kang kapindho banjur liwat, kanthi ngati-ati ngidhak gegere wedhus kang kapisan. Sawise matur nuwun marang wedhus kapisan, banjur pada andum slamet nerusake lakune dhewe-dhewe. 5) Kedua tokoh selamat melewati bahaya.
Ing wektu liya, uga ing dalan ciyut kuwi ana wedhus alas an loro maneh kang liwat. Sing siji mlaku ngalor lan sing siji mlaku ngidul. 6) Timbulnya konflik baru (antara tokoh kedua dan ketiga).
Loro-lorone uga ora gelem ngalah lan ngendel-endelake kekuwatane sungune kang padha-padha pengkuh lan lancip. Mula loro-lorone banjur kecemplung jurang lan mati sia-sia amarga padha-padha ngeyel. 7) Penyelesaian atau akhir cerita (kedua tokoh mati).
Mula Bukane Asu Memungsuhan Karo Kucing
Jaman biyen, Kanjeng Nabi Nuh diparingi dhawuh supaya gawe prau kang gedhe. Mula bareng kedadean banjir gedhe, Kanjeng Nabi nuh sakaluwarga pada nitih prau. Ing ngendi-endi keleleb banyu, kabeh pada mati. 1) Situasi awal.
Nanging ing prau gedhe mau, uga ana kewan-kewan sing dikatutake sarwa sajodho, supaya kewan-kewan ora entek. Sarehne pangan ya mung sathithik, mula olehe mangan tansah ditata lan di irit-irit. 2) Penjelasan situasi awal.
Si Asu pancen kewan sing srakah. Tansah krasa kurang lan kerep banget nyolong panganan. 3) Pengembangan situasi awal menjadi permulaan konflik.
Si Kucing banjur ngerti, uga matur ing ngarsane Kanjeng Nabi nuh. 4) Pengaduan kucing akibat perbuatan anjing.
Si Asu di paringi paukuman. Si Asu nesu marang si Kucing. Mula nganti seprene Asu isih sok memungsuhan karo kucing. 5) Penyelesaian atau akhir cerita (permusuhan kucing dan anjing yang berlanjut sampai sekarang).









Jaka Bodho
Sawijining dina ana Jaka Bodho luru kayu menyang alas. Anggone tumandhang gawe sinambi rengeng-rengeng kanggo nuwuhake rasa seneng lan bias cekat-ceket. Sakwise entuk kayu sakbentel, dheweke mlaku menyang kali kang ana ing satengahing alas. 1) Situasi awal.
Dumadakan Jaka Bodho meruhi ana wanita ayu kang sumendhe ana sangisore wit gedhe. “Mbak-mbak ….kog sare wonten mriki, ta?”, Si Jaka Bodho nakoni, nanging wanita mau ora mangsuli. 2) Pengembangan situasi awal ke masalah.
“Wah, iki mesthi wanita wuta lan budheg,” panguwuhe si Jakajroning batin. Wanita mau banjur digawa bali. Tekan ngomah, wanita mau diturokake ing senthong. Nalika ibune mulih saka sawah, si Jaka matur ibune. 3) Jaka Bodho bingung
”Bu, aku mau ketemu wong ayu ing tengah alas,” ature.
”Lha terus kepriye, Ka?,”
”Wonge mau dakgawa bali, saiki isih turu ana ing senthong,” wangsulane Jaka. 4) Jaka Bodho mengadu pada ibunya.
Bareng wus surup, ibune Jaka ngambu ganda anyir. Ibune bingung nggoleki sumbering ganda mau. Saya cedhak senthong, gandane saya badheg. 5) Munculnya masalah (muncul sumber bau busuk dirumah mereka).
Bareng mbukak kamar senthong, , ibune age-age nyedhaki wanita kang turu anteng tanpa obah babar pisan. Awake anyep njejeb, jebul wanita ayu kuwi uwis ora duwe nyawa. 6) Ibunya menemukan sumber bau busuk tersebut.
”Jaka ..... Jaka, mrenea ngger!”,
”Napa,bu? Wanita mau wus tangi, Bu?”, ature.
”Apa? Tangi? Mangertia ya ngger, satemene wanita kang kokgawa bali kae wus mati.”
”Ora ...ora, Bu. Wanita iku mung turu.” 7) Perdebatan antara Jaka dan ibunya.
”Oalah ....iki lho.... ganda badheg iki asale saka senthong, ya saka awake wanita ayu iku.”
”Apa yen wong mati iku ngetokake ambu badheg ngene iki, Bu?”,
”Iya”, Ibune Jaka mangsuli. 8) Nasihat ibu Jaka kepadanya.
Si Jaka Bodho age-age mbopong wanita mau, kagawa menyang kali, prelune arep dikeleake. Sadalan-dalan dheweke nguwuh, ” Wong mati ngetokake ganda badheg”. 9) Jaka menghanyutkan mayat wanita ke sungai.
Ing sawijining dina, Jaka lungguh sapengadhep karo ibune, ngonceki tela pohung. Dumadakan ibune Jaka ngentut, ambune badheg banget. Jaka uga ngambu ganda mau.
”Aduh ...., ibu wus mati... ibu wus mati, huuuhuuu........”, tangise Jaka, dikira ibune wus mati, gara-gara entuite mambu badheg. 10) Jaka Bodho salah sangka.
Jaka Bodho nangis karo mbopong ibune menyang kali. Sadalan-dalan ibune ngerih-erih lan oncat supaya bisa uwal. Nanging saya kenceng anggone oncat, saya kenceng anggone si Jaka mbopong lan saya rikat anggone lumaku. 11) Jaka Bodho tidak peduli dengan teriakan ibunya.
Satekane ing pinggir kali, ibune dijorokake ing kali. Wektu iku ilining banyu banter banget. Ibune kagawa dening ilining banyu. Sambat sebute ibune ora digugu babar pisan. Sing dipikir mung panemune manawa ibune wus mati jalaran ngetokake ganda mambu badheg. 12) Akhirnya ibu Jaka Bodho meninggal, hanyut di sungai.

0 komentar: